Menangi Jaman Makmur

Owalah yo, saiki kuwi jaman pancen wis makmur temenanan. Saben dina sing liwat dalan ngarep omah ki wis ewonan kendaraan. Seko sing mung ngeterke anak mangkat sekolah, menyang pasar, matun, derep, nganti wong ngarit ki wis meh kabeh nganggo pit montor, sanadyan mung cedhak. Beda karo jaman biyen. Aku ki sekolah nyang Magelang sing adoh temenanan wae mlaku, turut sawah tegalan. Lha saiki sing ra nganti sekilo wae wis numpak montor. Cah gek SMP wis dicekeli honda karo wong tuwane. Nek dipikir kuwi kudune durung oleh numpak Honda dhewe. Ora duwe Surat Nyetir (SIM, red). Kae nek saben esuk aku menyang sawah kae, nang ngarep omahe Urip, Wahno, Sri, Radjak kae wis kebak cah sekolah parkir honda. Wis cetho nek isih SMP ora oleh gowo honda.

Wis sukur alhamdulillah aku ki isih menangi jaman makmur koyo mangkene iki. Disawang yo seneng temenan. Kae anake Teguh kae, ra kerja wae iso tuku udut (rokok, red) saben dina, opo maneh sing wis makarya. Nek bali seko sawah kae, aku ki liwat galengan (jalan setapak, red) kuwi seko sawah tekan lor desa kuwi kedongan ngasi ono sepuluh honda, mung nggo ngarit kuwi. Kamongko hondane apik apik, taun anyar koyo sing nang tivi kae lho. Wis makmur koyo ngene nanging kok yo akeh sing isih ra sekolah yo.

Haiyo nek dibandingke jaman biye kuwi, susahe ra jamak. Menyang pasar kudu mlaku meh sepuluh kilo tekan Pasar Magelang, Sekolah yo adoh, mengko nek pethukan karo londo (Belanda, red) kudu mumpet, mlayu-mlayu ngglangsar nang galengan sawah. Kae biyen Mas Radjak gek mangkat sekolah bareng, wis tau diacungi Matraliyur karo tentara londo. Tujaknen ki Komendane kenal karo bapakne Mas Radjak. Le susah ki temenanan. Syukur-syukur saiki kuwi jaman pancen wis makmur.

Gadakmen kowe kuwi nek sekolah sing temenanan, dadi wong pinter bayarane akeh, ojo golek kerja nanging nek iso bukak lapangan kerja dhewe. Migunani marang bebrayan sakabehe.

Begitulah sedikit curhatnya Kakek saya kemaren Minggu pas saya mampir rumah kakek saya untuk nyuwun tambah pendonga (sukur-sukur tambah sangu).

Nggih Mbaahhh…